WEDHATAMA PUPUH PANGKUR
Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utama/kautaman. Dadi wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur, sinom, pocung, gambuh, lan kinanthi.
A. Serat Wedhatama Pupuh Pangkur
C. Nulis Cakepan Tembang Pangkur
Nulis tembang macapat, klebu tembang pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Supaya bisa nulis cakepan tembang pangkur wiwitana kanthi nggawe ukara bebas, banjur dicocogake guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge carane kayata : migynakake purwakanthi, yogyaswara, tembung saroja lan sapanunggale .
Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
A. Serat Wedhatama Pupuh Pangkur
Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
B. Paugeran Tembang Pangkur
● Guru gatra, yaiku cacahe larik saben sapada. Guru gatrane tembung pangkur cacahe 14 pada
● Guru lagu, yaiku wewaton dong-dinge swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang pangkur yaiku a,i,u,a,u,a,i
● Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra. Guru wilangane tembang pangkur yaiku 8,11,8,7,12,8,8
● Supaya gampang dieling-eling, guru lagu lan guru wilangane tembang pangkur biasane ditulis 8a,11i,8u,7a,12u,8a,lan 8i
C. Nulis Cakepan Tembang Pangkur
Nulis tembang macapat, klebu tembang pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Supaya bisa nulis cakepan tembang pangkur wiwitana kanthi nggawe ukara bebas, banjur dicocogake guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge carane kayata : migynakake purwakanthi, yogyaswara, tembung saroja lan sapanunggale .
Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
Matur nuwun
BalasHapusBermanfaat kanggo sinau๐, matur nuwun๐๐๐
BalasHapusJoss mba di๐๐
BalasHapusSangat bermanfaat sekali
BalasHapus