WEDHATAMA PUPUH PANGKUR
Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utama/kautaman. Dadi wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur, sinom, pocung, gambuh, lan kinanthi. A. Serat Wedhatama Pupuh Pangkur Mingkar-mingkuring angkara Akarana karenan mardi siwi Sinawung resmining kidung Sinuba sinukarta Mrih kretarta pakartining ilmu luhung Kang tumrap ing tanah jawa Agama ageming aji B. Paugeran Tembang Pangkur ● Guru gatra, yaiku cacahe larik saben sapada. Guru gatrane tembung pangkur cacahe 14 pada ● Guru lagu, yaiku wewaton dong-dinge swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang pangkur yaiku a,i,u,a,u,a,i ● Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra. Guru wilangane tembang pa...