WEDHATAMA PUPUH KINANTHI

    Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan , anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku kinanthi.
    Kinanthi nduweni watak mbahagiakake,asmara,kasih sayang lan keteladanan urip.


   Kinanthi laras slendro pathet sanga :

Padha gulangen ing kalbu 
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra 
Kaprawiran den kaesthi 
Pesusnen sarira nira
Cegah dhahar lawan guling

Tegese : latih ati mu
               Supaya batinmu dadi lantip
               Ojo mung mangan lan turu
               Supaya bisa kawujud kekarepane
               Niru sifat kesatria
               Kurangi mangan lan turu
               
A. Paugeran 
 1 . Guru gatra       : 6 
 2. Guru lagu          : u , i , a , i , a lan i 
 3. Guru wilangan : 8 ,8 ,8 ,8 ,8 lan 8
 Supaya gampang dieling-eling , guru wilangan lan guru lagune tembang kinanthi, biasane ditulis : 8u ,8i ,8a, 8i , 8a , lan 8i

B. Pitutuh luhur
    Latih ati supaya dadi lantip(landep) supaya bisa intuk kang dikarepkake kanthi cara ngurangi mangan lan turu lan niru sifat kesatria kang prihatin. 

C. Nulis tembang kinanthi
     Nulis tembang kinanthi iku kudu manut aturan kang gumathok kaya kang kasebut ing dhuwur yaiku guru gatra,guru lagu,guru wilangan.
    Supoyo bisa nulis tembang kinanthi diwiwiti saka nggawe ukara bebas banjur di cocokake karo aturan mau.Cara nyocokake bisa kanti ngurangi utawa nambahi wanda(suku kata). Bisa uga migunakake purwakanthi swara,purwakanthi sastra,yogyaswara,baliswara,tembung saroja lan sapanunggale.





Sumber : Buku Basa Bawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
http://adelisadevitaryani.blogspot.com/2017/02/tembangkinanthi.html?m=1


Komentar

Posting Komentar