GEGURITAN [ puisi jawa ]
Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda , tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae .
C. Nulis geguritan
1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu lan sapanunggale
2. Ngutamakake isi kang menthes, apik, endah, lan becik
3. Bisa nggunakake lelewana basa (purwakanthi, baliswara, sroja, entar lan sapanunggale)
4. Isine bisa pitutur , piweling, kritik, protes , nggresah, pwmundhut, lsp.
Sumber :Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
A. Maca lan nanggepi isine teks geguritan lan niteni perangan-perangane
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
1. Maca kanthi premati,yen perlu di bolan-baleni
2. Nggatekake ubungan larik siji lan sijine, banjur maringi tanda ngaso (/) utawa sigeg (//)
3. Golekana tegese tembung-tembung kang angel
4. Golekana amanat kang dikarepake
5. Tambahana tembung wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe
Menawa cara-cara kasebut wes kolakoni, mesthi bisa nemokake isine geguritan.
Tuladha geguritan:
Ibu
Ibu.. iki anakmu
Anakmu kang kok rawat
Anakmu kang kok kuwatirake
Kang diarep-arep kesuksesane
Ibu..
Anakmu iki mboten nurut
Katah ngelawane
Nanging bu
Anakmu bakal mbanggakake ibu
Ing samengkono wektu
B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan.
Ibu
Ibu.. iki anakmu
Anakmu kang kok rawat
Anakmu kang kok kuwatirake
Kang diarep-arep kesuksesane
Ibu..
Anakmu iki mboten nurut
Katah ngelawane
Nanging bu
Anakmu bakal mbanggakake ibu
Ing samengkono wektu
B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan.
C. Nulis geguritan
1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu lan sapanunggale
2. Ngutamakake isi kang menthes, apik, endah, lan becik
3. Bisa nggunakake lelewana basa (purwakanthi, baliswara, sroja, entar lan sapanunggale)
4. Isine bisa pitutur , piweling, kritik, protes , nggresah, pwmundhut, lsp.
Sumber :Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
👍👍👍
BalasHapusBermanfaat kanggo sinau😁, matur nuwun🙏🙏🙏
BalasHapusNice
BalasHapus