CERITA RAKYAT

A. Pengertian

    Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun,utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Crita rakyat duweni unsur-unsur pambangun kayata tema, tokoh, penokohan, latar(setting), alur(plot), sudut pandhang, lan amanat.


● Unsur Crita Rakyat
a. Tema yaiku pokok permasalahan ing               sajroning crita.
b. Latar(setting) yaiku papan panggonan,      wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.
c. Alur yaiku urut-urutsne prastawa ing crita.
d. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang penganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, utawa wong katelu.
e. Tokoh yaiku paraga sajroning crita
 f. Penokohan yaiku watakke tokoh (galak,sombong,baik hati,sopan,lsp)
g. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening penganggit marang wong kang maca.

    Crita rakyat ngemu piwulang antarane yaiku:
○> nilai budaya, gegayutan karo pemikiran, kabiasaan, lan karya cipta manungsa.
○> nilai sosial, gegayutan karo tata laku antaraning manungsa
○> nilai moral, gegayutan karo tuminda apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

● Titikane Crita Rakyat
a. Panyebaran kanthi lesan
b. Duweni sipat tradisional
c. Sugih cakrik(versi) lan variasi
d. Jeneng pangriptane ora konangan (anonim)
e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane .

● Mupangate Crita Rakyat
a. Mupangat kreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng, uga menehi hiburan
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikkan kang ana ing crita
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai kaendahan
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai moral kang dhuwur
e. Mupangat relegiutas yaiku ngemu ajaraning agama


● Wujude Crita Rakyat miturut William R. Bascom
a. Mitos
    Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan ing alam dharatan, langit, lan segara. Tuladha : crita nyi Rara Kidul, nyi Lanjar lsp
b. Legendha
    Legendha yaiku crita kang dianggep bener kedadeyan, biasans ing crita mau ana petilasan arupa watu, gunung, kali lsp. Tuladha : crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang, Rara Jonggrang lsp
c. Dongeng
    Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladha : Kancil Nyolong Timun, Lutung Kasarung, Keong Mas lsp




Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
   

Komentar

Posting Komentar